Thursday 19 February 2009

Wang Sinawang


Biyasanipun menawi nyetel TV, anggen kula nonton dangunipun paling namung kiyat sak jam. Salajengipun TV-nipun ingkang nonton kula tilem, sakngliliripun

Nggîh, niku kebiasaan saé. Sebab mangké nèk mpûn pangsiun kathah kang dhamelané namûng nonton TV sak katoge :-)

Kok nggih kober-koberipun ingkang ndamel he..he..he..

Nggih, niku kemewahan kang kagadahi pengangguran lan pangsiunan. Sugîh tanpo bondo :-).

Tiyang2 kang taksîh makaryo lajeng mèri. Pas pangsiûn, gentos mèri kalian îngkang taksîh nyambût dhamel.

Jer, gesang meniko wang-sinawang.

No comments: