Friday 20 February 2009

Menawi mireng tiyang nyebat "Gudang Garam," mesthinipun para mitra Milis Jawa pirsa menawi punika satunggaling pabrik ses ingkang paling ageng ing kitha Kediri, kapara malah paling ageng ing Jawa Timur. Nanging jaman kula alit, antawis 45-30 tahun kepengker, saderengipun pabrik Gudang Garam madeg, kitha Malang punika sampun kesuwur minangka kitha rokok. Pabrik rokok ageng lan alit, kretek punapa dene putih (mboten mawi cengkeh) cacahipun ngantos las-lasan ing saindhenging tlatah Malang.

Pabrik ingkang paling ageng punika pabrik ses pethak, yen mboten lepat naminipun PT. Faroka lan produk-ipun merk Commodore, Kansas kaliyan Kresta. Nyuwun ngapunten menawi wonten klenta-klentunipun, wong kula namung ngandelaken emutan (taling) nalika asring dipun utus swargi Bapak tumbas ses merk-merk punika. Jaman semanten, Faroka sampun gadhah 'rumah dinas' kangge petingginipun awujud 'flat' ing jln. Semeru. Menawi pabrik kretek ingkang paling ageng punika PT. Bentoel. Lajeng wonten ingkang radi alitan kados Grendhel, Oepet, Pecoet, lan Bokor Mas. Taksih kathah malih pabrik-pabrik alit kados Banybiru, Lengkeng, Suket Teki, lsp.

Buruh pabrik rokok kala semanten sampun ewon cacahipun. Kathahipun prawan lan ibu-bu ingkang asalipun saking kampung lan desa sakupengipun kitha Malang. Meh sedaya nyambut dhamel minangka buruh linting. Kala semanten tumpakan (transportasi) dereng kathah kados sapunika. Angkutan kota (angkot) dereng wonten. Menawi badhe kesah tebih paling nggih numpak bis. Menawi mboten patos tebih saged numpak `demo' (sapunika sampun mboten wonten), bemo, becak utawi dokar. Wonten ugi cikar ingkang kala semtaen taksih ngangge ban kayu, `trayek'ipun mbedhah kitha saking daerah Sukun/Klayatan dateng Dinoyo, ning umumipun cikar-cikar punika namung momot bata, gentheng, punapa dene grabah.

Amargi tumpakan taksih langka, para buruh punika kedah bidhal mruput supados saged dumugi pabrik saderengipun jam enem enjang. Amargi kala semanten mboten saben tiyang gadhah arloji awit reginipun taksih awis, supados buruhipun saged nginten-nginten wekdal, Faroka ngungelaken tanda. Saben jam sekawan enjing Faroka masang sirene, ingkang kawastanan `soleng" (suling) ingkang mungel antawisipun setengah menit dangunipun. Suwantenipun suling saget kepireng saking desa-desa ing pinggiran kitha Malang.

Anggenipun ngungelaken kaambalan ngantos kaping 3, let setengah jam. Biyasanipun bakda
subuh para buruh wanita punika sampun ndlidir saking pinggiran kitha tumuju dateng pabrik-pabrik. Lampahipun sami rikat sanget, setengah mlajeng, lha wong lampahipun saking griya dumugi pabrik kapara tebih. Sontenipun, jam 3 sulingipun mungel malih, pratanda buruh sami laut lan wangsul. Lampahipun ugi rikat wangsul dateng ndesanipun supados saged dumugi griya saderengipun serap. Lampahipun para buruh punika ingkang asring kangge ngenyek tiyang ingkang lampahipun cepet. "Ojok cepet-cepet tah lah…mlakune koyok arek pabrikan."

Duka pinten dasa taun kepengker, Faroka dipun tumbas BAT. Rokok Commodore, Kansas lan Kresta mboten kasade malih. Kula mboten patos mangertos, nanging kabaripun pabrik punika ngawedalaken rokok Dunhill versi Indonesia. Kula ugi mboten mangertos nasibipun pabrik punika samangke. Sakjeg dipun tumbas BAT, sulingipun mboten mungel malih. Mbokmenawi amargi cacahipun buruh dipun suda awit BAT produksinipun sarwi mesin lan mboten mbetahaken buruh linting. Saged ugi buruh-buruh sampun saget tumbas arloji produk China (merk Semogaawet :-( ) saengga mboten mbetahaken suling, saged ugi amargi sapunika sampun kathah tumpakan maneka warni saengga para buruh mboten kedah bidhal
mruput. Jaman sampun ewah. Nanging nyek-nyekan "mlakune koyok arek pabrikan" taksih aring dipun angge.

Kaserat saking Mbak Dina Isyanti

No comments: