Tuesday 24 February 2009

Cara menggoda jadul ...


Wektu aku cilik biyen, senengane nggodani buruh linting Gudang Garem: "srigunting klepeg-klepeg, wong nglinting ambune apeg". Buruhe wektu semana pada mlaku sikil.

Tapi jaman wis berubah. Buruhe saiki wis pada numpak sepeda pancal, sing rupane ayu numpak honda (lho?!!), kuta Kediri macet, maklum 40.000 cacahe, mungkin luwih. Lan jarene kanca-kancaku, nggodane buruh saiki wis malih redaksine: "wis nduk ora usah nyambut gawe wae (dina iki), melua aku wae". (karepe: toh oleh-olehanmu engko ya pada).

Apa iki modernisasi ya?

Geguritane Mas Pandu

No comments: