Saturday 25 April 2009

Koleksi Jawa

Bukti Nek Wong Jawa Pancen Teliti
Hehe, teliti atau nggak ada kerjaan lain ya? ampe semuanya dikasih nama...
>> ------------ --------- --------- --------- ------

>> [Anak Hewan]
>>
>> Anak Asu : Kirik
>> Anak Ayam : Kuthuk
>> Anak Angkrang : Kroto
>> Anak Bandheng : Nener
>> Anak Bantheng : Cendhet
>> Anak Babi : Gambluk
>> Anak Baya : Rete
>> Anak Banyak : Blegur
>> Anak Bebek : Meri
>> Anak Bulus : Kethul
>> Anak Cecak : Sawiyah
>> Anak Celeng : Genjik
>> Anak Cacing : Lur
>> Anak Coro : Mendhet
>> Anak Dara : Piyik
>> Anak Emprit : Indhil
>> Anak Gajah : Bledhug
>> Anak Garangan : Rase
>> Anak Gangsir : Clondo
>> Anak Gagak : Engkak
>> Anak Gemak : Drigul
>> Anak Gundhik : Rayap
>> Anak Iwak : Beyong
>> Anak Jaran : Belo
>> Anak Jangkrik : Gendholo
>> Anak Kancil : Kenthi
>> Anak Kadal : Tobil
>> Anak Kebo : Gudel
>> Anak Kemangga : Ceriwi
>> Anak Kethek : Munyuk
>> Anak Konang : Endrak
>> Anak Kodok : Precil
>> Anak Kucing : Cemeng
>> Anak Kutuk : Kotesan
>> Anak Lawa : Kampret
>> Anak Laler : Singgat
>> Anak Lamuk : Jenthik
>> Anak Lele : Jabrisan
>> Anak Luwing : Gonggo
>> Anak Lutung : Kenyung
>> Anak Luwak : Kuwuk
>> Anak Manuk : Piyik
>> Anak Macan : Gogor
>> Anak Merak : Uncung
>> Anak Menjangan : Kompreng
>> Anak Menthok : Minthi
>> Anak Sapi : Pedhet
>> Anak Singa : Dibal
>> Anak Tawon : Gana
>> Anak Tambra : Bokol
>> Anak Tekek : Celoto
>> Anak Tikus : Cindhil
>> Anak Tongkol : Cengkik
>> Anak Tuma : Kor
>> Anak Urang : Grago
>> Anak Ula : Kisi
>> Anak Walang : Dhogol
>> Anak Wedhus : Cempe
>> Anak Welut : Udhet
>> Anak Yuyu : Beyes
>>
>>
>> [Godhong-godhongan/ daun-daunan]
>>
>> Godhong Asem : Sinom
>> Godhong Aren : Dliring
>> Godhong Cocor bebek : Tiba urip
>> Godhong Dhadhap : Tawa
>> Godhong Gebang : Kajang
>> Godhong Gedhang enom : Pupus
>> Godhong Gedhang tuwa : Ujungan
>> Godhong Gedhang garing : Klaras
>> Godhong Jati : Jompong
>> Godhong Jambe : Dedel/Pracat
>> Godhong Jarak : Bledheg
>> Godhong Kates : Gampleng
>> Godhong Kluwih : Kleyang
>> Godhong Kacang brol : Rendheng
>> Godhong Kacang lanjaran : Lembayung
>> Godhong Kelor : Sewu
>> Godhong Krambil enom : Janur
>> Godhong Krambil tuwa : Blarak
>> Godhong Lombok : Sabrang
>> Godhong Lempuyang : lirih
>> Godhong Mlinjo : So
>> Godhong Pring : Elarmanyura
>> Godhong Pari : Damen
>> Godhong Randhu : Baladhewa
>> Godhong Siwalan : Lontar
>> Godhong Tela : Jlegor
>> Godhong Tales : Lumbu
>> Godhong Turi : Pethuk
>> Godhong Tebu teles : Momol
>> Godhong Tebu garing : Rapak
>> Godhong Waluh : Lomah lamah
>>
>> [Kembang]
>
>>
>> Kembang Aren : Dangu
>> Kembang Blimbing : Maya
>> Kembang Cubung : Torong
>> Kembang Cengkeh : Polong
>> Kembang Duren : Dlongop
>> Kembang Dhadhap : Celung
>> Kembang Garut : Grameng
>> Kembang Gori : Angkup
>> Kembang Ganyong : Puspanyidra
>> Kembang Gembili : Seneng
>> Kembang Gedhang : Ontong/Tuntut
>> Kembang Jambe : Mayang
>> Kembang Jati : Janggleng
>> Kembang Jagung : Jeprak/Sinuwun
>> Kembang Jambu : Karuk
>> Kembang Jarak : Juwis
>> Kembang Kopi : Blanggreng
>> Kembang Kacang : Besengut
>> Kembang Kara : Kepek
>> Kembang Kencur : Sedhet
>> Kembang Kanthil : Gadhing
>> Kembang Kelor : Limaran
>> Kembang Kapas : Kadi
>> Kembang Kecipir : Cethethet
>> Kembang Kluwih : Onthel
>> Kembang Krokot : Naknik
>> Kembang Krambil : Manggar
>> Kembang Lombok : Menik
>> Kembang Lamtoro : Jedhidhing
>> Kembang Mlinjo : Kroto
>> Kembang Nangka : Babal
>> Kembang Pete : Pendul
>> Kembang Pandhan : Pundhak
>> Kembang Pace : Nyreweteh
>> Kembang Pring : Krosak
>> Kembang Pohong : Ingklik
>> Kembang Randhu : Karuk
>> Kembang Salak : Ketheker
>> Kembang Suruh : Drenges
>> Kembang Tales : Pancal
>> Kembang Tebu : Gleges
>> Kembang Timun : Montro
>>
>>
>>
>> [Penthil / buah yang masih kecil/muda]
>>
>>
>> Pentil Asem : Cempaluk
>> Pentil Jambu : Karuk
>> Pentil Jagung : Janten
>> Pentil Jambe : Bleber
>> Pentil Krambil : Cengkir
>> Pentil Kacang : Besengut
>> Pentil Manggis : Blibar
>> Pentil Nangka : Babal
>> Pentil Pelem : Pencit
>> Pentil Randhu : Plencing
>> Pentil Mlinjo : Kroto
>> Pentil Semangka : Plonco
>> Pentil Timun : Serit
>>
>> [Isi-isian / biji-bijian]
>>
>> Isi Asem : Klungsu
>> Isi Duren : Pongge
>> Isi Kluwih : Bethem
>> Isi Nangka : Beton
>> Isi Pelem : Pelok
>> Isi Randhu : Klentheng
>> Isi Salak : Kenthos
>> Isi Semangka : Kwaci
>> Isi Sawo : Kecik
>> Isi Kecipir : Botor
>> Isi Jambe : Jebug
>> Isi Kates : Trempos
>> Isi Krambil : Kenthos
>> Isi Kluwak : Pucung
>> Isi Mlinjo : Klathak
>>
>> [Woh-wohan / Buah-buahan]
>>
>> Woh Aren : Kolang kaling
>> Woh Bengkowang : Besusu
>> Woh Cengkeh : Polong
>> Woh Gebang : Krandhing
>> Woh Jati : Janggleng
>> Woh Kesambi : Kecacil
>> Woh Kanthil : Gandhek
>> Woh Kelor : Klenthang
>> Woh So : Mlinjo
>> Woh Turi : Klentang
>> Woh Uwi : Katak
>>
>>
>>
>> [Wit-witan / Pohon-pohonan]
>>
>> Wit Jagung : Tebon
>> Wit Telo : Lung
>> Wit Aren : Ruyung
>> Wit Pari : Damen
>> Wit Jambe : Pucang
>> Wit Gedhang : Debog
>> Wit Siwalan : Tal
>> Wit Kapuk : Randhu
>> Wit Kacang : Rendheng
>> Wit Pring tuwa : Bungkilan
>> Wit Pring enom : Bung
>> Wit Mlinjo : So
>> Wit Krambil : Glugu
>> Wit Jati enom : Janggelan
>>
>>
>>
>> [Tali]
>>
>> Amben : Tali weteng jaran
>> Dhadhung : Tali kanggo nancang sapi
>> Dhandan : Tali kanggo nggeret glondhongan kayu
>> Elis : Tali kendhali
>> Goci : Tali layangan
>> Godhi : Tali gombal
>> Jala jala : Tali kanggo mbendheng kelir
>> Janget/Ulap ulap : Tali blebet garane pethel
>> Jejet : Tali plipitan
>> Keluh : Tali ing irung sapi
>> Klanthe : Tali caping
>> Koloran/Usus usus : Tali Kathok
>> Pluntur : Tali kanggo nggantung gong/nyangga gamelan
>> Salang : Tali pikulan
>> Sawed : Tali pasangan sapi
>> Sendheng : Tali gendhewa/langkap
>> Setagen/Sabuk/ Setut : Tali weteng wong
>> Suh : Tali sapu
>> Tutus : Tali saka irat iratan pring/penjalin
>> Ulur : Tali kanggo ngulukake layangan
>> Upat upat : Tali pecut
>> Uwed : Tali kanggo ngubengake gangsingan
>>
>>
>>
>> [Waktu]
> Watara = antara)
>
>> Watara jam 06 esuk diarani : Byar
>> Watara jam 09 esuk diarani : Gumatel
>> Watara jam 10 esuk diarani : Pecat sawet/Wisan gawe
>> Watara jam 12 awan diarani : Bedhug
>> Watara jam 02 awan diarani : Lingsir kulon
>> Watara jam 03 awan diarani : Ngasar
>> Watara jam 05 sore diarani : Tunggang gunung
>> Watara jam 05:30 sore diarani : Tiba layu
>> Watara jam 06 sore diarani : Magrib/Surup/ Sandikala
>> Watara jam 07 wengi diarani : Ngisak
>> Watara jam 09 wengi diarani : Sirep bocah
>> Watara jam 11 wengi diarani : Sirep wong
>> Watara jam 12 wengi diarani : Tengah wengi
>> Watara jam 01 wengi diarani : Lingsir wengi
>> Watara jam 02 wengi diarani : Titiyoni
>> Watara jam 03 wengi diarani : Jago kluruk sepisan
>> Watara jam 04 wengi diarani : Subuh/Jago kluruk kapindho
>> Watara jam 05 esuk diarani : Saput lemah/Parak esuk

No comments: