Saturday 25 April 2009

Dherek Dewi Maria

NDHEREK DEWI MARIYAH
Dherek Dewi Mariyah temtu geng kang manah
boten yen kuwatosa ibu njangkung tansah
kanjeng ratu ing swarga amba sumarah samya
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana
Sang Dewi, Sang Dewi, Mangestonana.

Nadyan manah getera dipun godha setan;
Nanging batos engetnya wonten pitulungan
Wit Sang Putri Mariyah mangsa tega anilar
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana

Menggah saking apesnya ngantos kelu setan
Boten yen ta ngantosa klantur babar pisan
Ugeripun nyeyuwun Ibu tansah tetulung
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana

No comments: